Kula ngaturaken sugeng rawuh saha panuwun dhumateng panjenengan ingkang karsa mirsani BLOG "WONG SUDRA". Mugi-mugi panjenengan sami pinaringan basuki. Sugeng anjangsana,nuwun.
NDEREK NEPANGAKEN
Nami kula Harsadi Soekardjo. Kula kalairaken wonten ing dusun alit Bumiagung Kecamatan Rowokele Kabupaten Kebumen, 12November 1956. Sapunika kula nyambut damel minangka guru Basa Inggris wonten ing SMP. Negeri 184, satunggaling pawiyatan ingkang cumondok ing Pasar Rebo Jakarta Timur. Kula manggen ing gubug kula ing Pondok Tirta Mandala Depok Jawa Barat kaliyan sisihan saha anak- anak kula ingkang kula tresnani.
NGENGINGI KULA
Kula punika namung jejering manungsa limrah ingkang kawengku ing kalepatan saha kekirangan. Pramila sasaged-saged kula, kula inggih tansah ngudi ing kaleresan.
Kula rumaos lan ngrumaosi bilih BLOG ingkang kula damel punika taksih kathah sanget kekiranganipun, amargi kiranging kawruh ing babagan damel BLOG. Pramila sumangga kula aturi mirsani BLOG punika sawontenipun.
KATRESNAN
TRESNA DHUMATENG ALLAH SAHA TRESNA DHUMATENG SESAMI PUNIKA SAESTU DHAWUHIPUN ALLAH INGKANG KEDAH KITA UGEMI. AMARGI NAMUNG KANTHI KATRESNAN MANUNGSA SAGED PIKANTUK TENTREM RAHAYU.
TRESNA TANPA WEKASAN
PUNIKA SISIHAN KULA INGKANG SANGET KULA TRESNANI, SIGARANING NYAWA KULA.
ANAK KULA PAMBAJENG
DIAN RIPTA WIDININGSIH
ANAK KULA PANENGGAK
JOHAN CHRISTY HASTONOWO
ANAK KULA INGKANG WURAGIL
DESIAN CHRISTY WISMOYOJATI
ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNA.
Ana pocapanipun adiguna, adigang, adigung. Pan adigang kidang, adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
Si kidang umbagipun ngendelaken kebat lampahipun. Pan si gajah ngendelaken ageng inggil. Ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.
AJA DUMEH
YEKTI BILIH PUNAPA KEMAWON INGKANG KITA GADHAHI PUNIKA NAMUNG SAKING PEPARINGIPUN ALLAH LAN SEDAYA INGGIH KAGUNGANIPUN ALLAH.
NAMUNG SADREMA NGLAMPAHI
Menawi andulu jatosing gesang, manungsa punika saking pundi sangkanipun lan badhe dhateng pundi paranipun?
MAWAS
Sumangga kita tansah ningali dhiri kita piyambak-piyambak saderengipun kita nglepataken tiyang sanes, mbok bilih taksih kathah utawi taksih wonten rereged ing salebeting manah kita.
MANGGA KITA SAMI ENGET
Sapa sing nenandur bakal ngunduh lan sapa sing gawe bakal nganggo. Pramila sumangga sami enget bilih punapa kemawon ingkang kita damel ing wekdal sapunika mesti badhe kita pethik ing tembe, sae ingkang awon punapa dene ingkang sae.
MBOTEN ADIL
Sipat mban cindhe mban ciladan punika saestu sipat ingkang mboten ngrenakaken penggalihipun Allah. Pramila sumangga samia tumindak adil.
MBOTEN SAE
Sipat sapa sira sapa ingsun punika sipat ingkang saestu mboten sae. Pramila sumangga kita sinau ngaosi tiyang sanes. Kita lan tiyang sanes punika sami aosipun wonten sangajengipun Allah.
SIHIPUN TIYANG SEPUH
KALA KULA TAKSIH ALIT, GINULANGING YAYAH RENA. DIPUN GENDONG KEWAR-KEWER, YEN TILEM KALELA-LELA. MAKATEN LAMPAHIRA. ENJING, SONTEN, SIANG, RATRI. MILA MBA SANGET NARIMA.
MUDAH SEKALI BERUBAH
-
Ada dua orang peminta-minta yang setiap hari meminta-minta di lampu merah
salah satu perempatan jalan di suatu kota besar. Mereka berdua kelihatan
sangat ...
RAOS SOKUR
-
Punapa kemawon ingkang kaciptakaken dening Allah kangge kabetahaning
manungsa kedah kita aosi saha kita kedah caos sokur dhumateng
Panjenenganipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar