Senin, 26 Januari 2009

TRI PRAKARA




Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami anulada
kadya nguni caritane.
Andelira Sang Prabu
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lelabuhanipun.
Kang ginelung tri prakara,
guna, kaya, purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.


Lire lelabuhan tri prakawis,
guna bisa sanis kareng karya,
binudi dadi unggule.
Kaya sayektinipun
duk mbantu prang Magada nagri,
mboyong putri domas
katur ratunipun.
Purune sampun tetela,
aprang tanding lan Ditya Ngalengka Adi,
Suwanda mating rana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar